Hidangan Mata

Keterangan: Silahkan ganti tulisan berwarna merah dengan Url alamat blog anda. Pengaturan di atas berfungsi layaknya widget Recent Posts. Jika ingin menampilkan artikel-artikel berdasarkan label tertentu, anda bisa ganti kode false (ditandai warna hijau) dengan label (kategori) pilihan di blog anda. Contoh: tagName:"Kesehatan" 10000 (warna biru) untuk kecepatan pergerakan slider. Anda bisa merubahnya agar lebih cepat atau lebih lambat. Misal ganti menjadi 8000 agar lebih cepat atau 12000 agar lebih lambat, dst. 5. Jika sudah diatur semuanya, silahkan simpan dan lihat hasilnya. Kalau anda menghendaki agar tampilan slider ini hanya muncul di tampilan beranda (home) blog saja, silahkan baca postingan saya berikut ini: Cara Menyembunyikan atau Memunculkan Widget Hanya pada Tampilan Beranda Blog. Demikian. Semoga bermanfaat. Labels: Blogging Thanks for reading Cara Mudah Membuat Slider (Slide Show) Keren di Blog, Cukup Satu Langkah. Please share...!

Friday 12 August 2016

Aku Siji Kowe Siji

_Masio diwoco bolak-balik tetep ngguyu...!!_

*Malaikat Pencabut Nyowo ...

Paidi karo Paijo bengi-bengi peteng dedet nyolong jeruk neng kebon duweke Pak Lurah.
Ijek oleh setengah karung, ono asu njenggong, wong 2 langsung mlayu ngeciprit wedi selak konangan.


Tekan ngarep Gerbong Kuburan
angker, jeruke tibo ngglundung loro.
Ananging ditinggal mergo kesusu selak arep cepet ndelik neng mburine Pendoso ...
katimbang konangan.

Diangen-angen wis aman, Paidi lan Paijo banjur bagi hasil....
*"Aku siji.... kowe siji....*
_aku siji.. kowe siji.._
*aku siji.. kowe siji...."*
Ngono terus nganti ora sadar lek ono wong liwat, yoiku Si Kasdi sing ketepakan tas muleh ndilok wayang kulit nang Bale Deso.

Saking kaget lan mrindinge krungu suworo aneh teko njero Kuburan Angker......
*"Aku siji.. kowe siji.. aku siji.. kowe siji......."*
Kasdi langsung mlayu marani
omahe Mbah Jolo _(sesepuh ahli perdemitan ning ndeso)_ karo ngos-ngosan pucet ndeprok dengkule meh prothol.
Banjur Kasdi crito perkoro suoro neng Kuburan Angker mau.

Mbah Jolo penasaran,
Banjur langsung ngajak Kasdi ngindik neng ngarepe Gerbong Kuburan karo ita-itu. Ora wedi blas!!!
Tekan ngarepe Kuburan, Kasdi ora wani mlebu. Sikile keder karo ndeprok gocekan sarunge mbah Jolo mergo sik panggah krungu suworo
*"Aku siji.. kowe siji.. aku siji.. kowe siji..."*

*Kasdi* : _" Mbah, niku nopo suworo Malaikat itung2an nyowo menungso sing sampun dicabut ajeng dilaporke dumateng Gusti Sing Moho Kuwaos geeeh?"_
Pitakone Kasdi bisik-bisik gemeter kaweden....
*Mbah Jolo* : _"Mbuuh aku dewe ora paham Di"_
jawabe Mbah Jolo karo ngempet ambegan .....

Ora suwe ono suworo maneh teko njero Kuburan ...
*"Iki wis rampung kabeh, saiki kari loro neng ngarepe Gerbong Kuburan kae,*
*Sopo sing njupuk ?*
*Kowe opo aku??"*

Mbah Jolo lan Kasdi :
*" Waahhh.....blaennn.....!! "*
Njenggirat kaget Mbah Jolo saknaliko mlumpat kalen mlayu
keponthal-ponthal, tibo tangi nganti ora kroso sandale pedot.....sarunge mlorot....... "
*Mbaahhh....tunggu mbahh.. entenonooo* Si Kasdi bengak-bengok kaweden sipat kuping nututi playune  Mbah Jolo ...

👺👺👺👺👺👺👺

0 Comments:

Post a Comment