JARENE WONG JOWO DINO IKU ONO PITU
Dino iku ono 7 (pitu):
Maksudte PITU ugo bisa kanggo  PITUTUR, PITUDUH, PITULUNGAN, PITUNGKAS, monggo sareng² disimak nggih...  ? 
1. SENEN:
tegese ojo boSEN marang uNEN² (unen² Wong Jowo sing kang bisa kanggo tuntunan marang kauripan)
2. SELOSO:
SElakno NGAMAL MARANG SOPO² (wong ngamal iku ora pilih², ora pandang wonge sopo)
3. REBO:
KEREPO SINAU BEN ORA BODHO (mumpung isih urip ditlateni anggone luru ilmu, mergo luru ilmu iku penting, kanggo sangune urip)
4. KEMIS: 
LUWIH BECIK MINGKEM TINIMBANG LAMIS (ojo podho ngumbar omongan kelawan wong liyo. Luwih² ngrasani tonggo)
5 JUMAT:
JUMBUHNO LELAKON KARO KEKAREPAN / NIAT  (yen nduwe niat/cita² kudu usaha/ikhtiar lan ndungo supoyo kekarepanne biso kaleksanan)
6. SABTU:
INSAP -PO MARANG BARANG SING WIS KEWETU (sak bejo bejane wong nglali, isih luwih bejo wong kang eling lan waspodho)
7. MINGGU:
MINGGIRNO BARANG SING ALA, LAKONONO BARANG SING RAHAYU (sing apik ayo podho dilakoni)
******************************************
Semoga bermanfaat.....!
Thursday, 18 August 2016
Home »
Sabar_Syukur
 , 
Tafakkur_Tadabbur
 , 
Tazkiatun Nafsi
 » Makno Filosofis Jenenge Dino Seminggu Versi Jowo






 
 
 
0 Comments:
Post a Comment