*Belajar Ikhlas dari Wong Samin*
Simon: "Kang, sampeyan ngasih duit ke si Parjo?"
Samin: "Iya."
Simon: "Sampeyan diapusi, dia itu kaya."
Samin: "Ngapusi aku iku dudu urusanku. Kui urusane dekne karo Gustine."
♡♡♡
Simon: "Lho sendalmu endi, kang? Kok cekeran?"
Samin: "Ilang."
Simon: "Ora mbok goleki sopo sing nyolong?"
Samin: Ora, aku biyen lahir yo ora sandalan."
♡♡♡
Simon: "Kang, sampeyan dirasani karo si Jontor."
Samin: "Ben wae."
Simon: "Sampeyan ora nesu."
Samin: "Lha saiki kowe yo ngrasani si Jontor. Si Jontor yo ra nesu."
♡♡♡
Simon: "Kang, pitikmu dipangan asune si Parman."
Samin: "Wis ben."
Simon: "Kok sampeyan biasa wae? Ora njaluk ganti?"
Samin: "Aku malah kaget nek pitikku sing mangan asune si Parman."
♡♡♡
Simon: "Kang, wis mangan?"
Samin: "Durung."
Simon: "Mreneo tak wenehi duit."
Samin: "Wegah. Aku ra doyan. Panganen dewe yen kowe doyan duit."
♡♡♡
Simon: "Kang, tanduranmu rusak dipangan weduse pak Karjo."
Samin: "Ben. Untung doyane tanduran. Yen weduse doyan papan, malah omahku sing dipangan."
♡♡♡
Simon: "Kang, kowe ki ket mau mlaku ngalor ngidul ora jelas?"
Samin: "Lha yo kui. Nek jelas, mesthi aku mlaku ngalor thok opo ngidul thok."
♡♡♡
Simon: "Kang, klambi sing mbok jemur dicolong uwong."
Samin: "Ben. Wong salahku dewe, aku njemur klambi nang njobo."
♡♡♡
Simon: "Kang, kok mlaku? Sapi sing biasa mbok tumpaki endi?
Samin: "Ilang... he.."
Simon: "Kok malah ngguya-ngguyu?"
Samin: "Lha untunge dicolong pas ora tak tumpaki."
♡♡♡
Simon: "Kang, bayarane Sentot luweh gede timbang kowe, lho."
Samin: "Ben."
Simon: "Kan ora adil?"
Samin: "Adil ora kudu podo. Kowe tak pakani katul podo karo pitik yo emoh to."
♡♡♡
Simon: "Kang, pelemmu dicolong si Tarkim!"
Samin: "Ben."
Simon: "Kok ben?"
Samin: "Lha kowe kok iyik to? Biasane dicolong codot wae aku yo meneng wae."
♡♡♡
Simon: "Kang, jare wingi omahmu kelebon maling?"
Samin: "Iyo."
Simon: "Kok iyo? Brarti sampeyan ngerti?"
Samin: "Ngerti. Tapi aku malah ndelik mergo isin ra duwe barang sing iso dimaling."
♡♡♡
Friday, 12 August 2016
Belajar Ichlaash
Related Posts:
Merdeka Yang Hakiki Merdeka yang hakiki adalah mengamalkan tauhid; memurnikan ibadah hanya kepada Allah ta'ala, dan membebaskan diri dari semua bentuk penghambaan kepada… Read More
Empat Hal Jangan Dilupakan Sebelum TidurANDAI AJAL DALAM TIDUR... EMPAT PERKARA SEBELUM TIDUR WALAU SESIBUK MANAPUN DENGAN TUGAS HARIAN. Rasulullah berpesan kepada siti Aisyah ra. “ Ya, Ai… Read More
Nenek Sepuh Juara Balap KarungBerita 17 Agustusan : Wingi ono *Nenek2* yang berpartisipasi melu balap karung, Panitia sudah menyiapkan alat2nya termasuk karungnya. Pas sem… Read More
Arti Persahabstan_Jika Anda berkumpul dengan serigala, Anda akan belajar melolong. Tapi jika Anda bergaul dengan Rajawali, Anda akan belajar cara terbang mencapai ke… Read More
Pengacara Pongah Vs Petani Tua Tapi CerdasTertawa lagi yuk... ... *PENGACARA YANG PONGAH VS PETANI CERDAS* Seorang pengacara pergi berburu kuntul di pinggiran Pakal Benowo. Dia menembak da… Read More
0 Comments:
Post a Comment